Kabupaten Semarang / JOWOPOS.ID – Ora mung rakyat sing kudu rukun, polisi karo tentara yo kudu akur rek! Iki dibuktekno karo Polres Semarang bareng Kodim 0714/Salatiga lan Pemkab Semarang, sing Minggu bengi (31/8/2025) padha blusukan bareng patroli neng titik-titik rawan gangguan keamanan.
Kapolres Semarang, AKBP Ratna Quratul Ainy, SIK., M.Si., sing mimpin langsung patroli, ngomong nek kegiatan iki kanggo nuduhake nek Polri, TNI lan Pemda podo solid tur siap njogo kampung halaman tetep kondusif.
“Saiki akeh demo neng sak ndelok Indonesia sing kadhang dadi anarkis. Nah, nek neng Semarang kudu tetep adem ayem. Makane awake dhewe bareng-bareng jaga kahanan, ben warga iso turu nyenyak lan ora kaget krungu ribut-ribut,” ujare Bu Kapolres karo mesem.
Patroli iki nyusuri pusat keramaian, jalur-jalur vital, nganti area publik sing biasa dadi titik nongkrong. Pokoke yen ono wong-wong sing arep gawe rusuh, mending mikir kaping pindho.
Ora mung gawe rasa aman, patroli iki yo dadi sinyal nek TNI-Polri plus Pemkab ora mung rukun neng dalan, nanging yo bareng-bareng njogo persatuan bangsa.
“Pokoke ayo kabeh ojo gampang kepancing isu sing ra jelas, ojo gampang panas. Sing adem wae rek, ben uripmu kepenak, daganganmu laris, lan omahmu tetep tentrem,” tambah Kapolres.
” Pesan moralé: Nek polisi karo tentara wae iso akur, masak awak dewe karo tonggo dhewe kok malah gampang gelut? Sing sabar, sing rukun, uripmu dijamin luwih penak rek!
Dipuntulisding : Kang Adi






