Home / Warto Anyar / Rakor Linsek Liga 4 Jateng, Kapolres Demak: Bal-balan Aja Ngorbanake Nyawa

Rakor Linsek Liga 4 Jateng, Kapolres Demak: Bal-balan Aja Ngorbanake Nyawa

DEMAK |JOWOPOS.ID  Polres Demak nggelar Rapat Koordinasi Lintas Sektoral (Rakor Linsek) kanggo nyiapake pengamanan kompetisi Liga 4 Jawa Tengah. Kegiatan iki digelar ing Aula Wicaksana Laghawa Mapolres Demak, Selasa (27/1/2026).

Rakor Linsek mau diadiri Kepala Dinas Perhubungan Kabupaten Demak lan Kepala Bidang Lalu Lintas, para pejabat utama Polres Demak, Pasiops Kodim 0716/Demak, Sekretaris Satpol PP Kabupaten Demak karo Plt. Kasi Operasional lan Pengendalian, Direktur RS Charlie Hospital, perwakilan steward pengelola Stadion Sultan Fatah, lan Ketua BODEM Demak.

Kapolres Demak AKBP Arrizal Samelino Gandasaputra nerangake yen bal-balan iku olahraga rakyat sing pancen ditresnani masyarakat. Nanging, tinggine antusiasme penonton uga nduweni potensi rawan gangguan kamtibmas yen ora diatur nganggo manajemen pengamanan sing mateng.

“Miturut evaluasi pertandingan sadurunge, ana sawetara poin penting sing kudu dadi perhatian. Pengamanan kudu manut SOP sing ketat miturut Peraturan Polri Nomor 10 Tahun 2002. Ora kena ana tumindak ing njaba prosedur. Keselamatan penonton lan pemain dadi prioritas utama,” tegas Kapolres.

Kapolres uga nekanake pentinge pengaturan zona pengamanan kanthi sterilisasi ring 1, ring 2, lan ring 3. Saben penonton bakal dipriksa barang bawaane supaya ora ana barang terlarang sing mlebu stadion, kayata senjata tajam, miras, utawa flare.

Saliyane kuwi, pengaturan arus lalu lintas uga dadi perhatian serius. Personel ing lapangan diparingi tugas kanggo njaga supaya aktivitas masyarakat umum ora keganggu dening pergerakan suporter, kalebu penataan parkir supaya ora ana penumpukan kendaraan.
“Pengamanan pertandingan bal-balan sing nglibatake massa akeh nduweni tingkat risiko sing kompleks. Mula ora mung kesiapan fisik, nanging uga kesiapan manajerial dadi tuntutan utama,” ujare AKBP Samel.

Miturut dheweke, Rakor Linsek iki penting kanggo mitigasi potensi gangguan, wiwit konflik antar-suporter, kelebihan kapasitas stadion, nganti gangguan arus lalu lintas sing bisa ngganggu aktivitas warga.

Ing pengamanan Liga 4 Jawa Tengah iki, Polres Demak bakal ngedepanke langkah preemtif, preventif, lan represif kanggo nyegah potensi gesekan wiwit sadurunge pertandingan diwiwiti.
Kapolres uga ngelingake panitia pelaksana supaya mesthekake kelayakan stadion, kalebu kesiapan pintu darurat, kasedhiyan tim medis, lan sistem pencahayaan, supaya ora ana kedadeyan sing mbebayani nyawa.

“Pengamanan ora bisa mlaku dhewe. Komunikasi antarinstansi, Polri, TNI, lan steward ing njero stadion kudu nyawiji lan terkoordinasi ing siji komando sing jelas,” imbuhé.

Nutup arahane, Kapolres Demak negesake yen keselamatan manungsa iku sing paling utama.
“Ora ana pertandingan bal-balan sing regane padha karo nyawa manungsa. Skor bisa owah, juara bisa ganti, nanging keselamatan saben wong sing ana ing stadion iku tanggung jawab bebarengan sing ora bisa ditawar. Ayo bareng-bareng nggawe stadion dadi papan sing aman lan ramah kanggo kabeh,” pungkasé.

Dipuntulisdining : Mas Yogie

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *