BNNP Jateng, Pemkab lan PKK Banyumas Gayut Erat Nyiptakaké Jawa Tengah BERSINAR
Purwokerto|JowoPos.id – Upaya nyegah penyalahgunaan narkoba ing lingkungan pendidikan saya dikuataké manèh déning BNN Provinsi Jawa Tengah. Kegiatan iki dianakaké wonten ing SMA Negeri 2 Purwokerto, Senin (21/7), kanthi tajuk Apel lan Deklarasi Sekolah BERSINAR (Bersih Narkoba), minangka kelanjutan peringatan Hari Anti Narkotika Internasional (HANI) 2025.
Kegiatan diawali jam 07.30 WIB kanthi ramah tamah, kang dihadiri Kepala BNNP Jateng Brigjen Pol Dr. H. Agus Rohmat, S.I.K., S.H., M.Hum., Bupati Banyumas Drs. H. Sadewo Tri Lastiono, Ketua Dharma Wanita Persatuan, Kepala BNNK Banyumas, Kepala Dinas Pendidikan Wilayah X, para pejabat OPD, lan tuan rumah Kepala Sekolah SMA N 2 Purwokerto.
Apel dilakoni pukul 08.00 WIB kanthi Bupati Sadewo dados pembina apel lan Brigjen Agus Rohmat dados deklarator. Acara iki diikuti para siswa, guru, PKK, perwakilan wali murid, lan organisasi pelajar.
“Narkoba kuwi ancaman nyata sing bisa mlebu sekolah, omah, lan papan kerja. Mula awake dhewe kudu waspada lan ora oleh ngremehake,” pangandikanipun Bupati Sadewo kanthi tegas.
Piyambakipun ngaturaken matur nuwun dhumateng kader PKK sing wis kerja bareng karo BNNK lan sekolah-sekolah kanggo nyebar edukasi anti-narkoba.
Brigjen Agus Rohmat nambahaké, program Sekolah BERSINAR kuwi bagian saking strategi nasional nyebarke zona bebas narkoba ing sektor pendidikan.
“Gerakan iki selaras kaliyan Asta Cita Presiden Prabowo lan Wakil Presiden Gibran kang prioritaske pencegahan narkoba. Dudu mung seremoni, nanging kudu terus dilakoni saben dina,” ujare Brigjen Agus.
Ketua TP PKK Banyumas, Nuraeni Tri Haryanti Sadewo, makili kaum ibu nglantaraké komitmené:
“PKK siap gawe bareng BNN nyegah narkoba saka lingkup paling cilik, yaiku kulawarga. Keluarga harmonis kuwi tameng utama saka ancaman narkoba,” ujare.
Acara puncak diisi maos deklarasi anti narkoba bareng siswa, dipimpin kader PKK lan disakseni para pejabat. Sawisé kuwi ditandatangani spanduk deklarasi déning Bupati, Kepala BNNP Jateng, Kepala Sekolah, Kepala BNNK Banyumas, lan perwakilan siswa.
BNNP Jateng lan BNNK Banyumas bakal terus melebarke Sekolah BERSINAR menyang kabupaten/kota liya, supaya kabeh sekolah bisa dadi pelopor generasi bebas narkoba.
“Ayo bareng-bareng njaga sekolah. Mungguh sekolah kuwi dudu mung papan sinau, nanging uga benteng moral lan budaya bersih narkoba,” pungkas Brigjen Agus Rohmat
Khanza Haryati
Editor :Redaksi






