UNGARAN | JOWOPOS.ID – Suasana gayeng lan santai katon ana ing Kantor Advokat Jussuwi, Jalan Letjen Suprapto 55 C, cedhak eks Tol Sidomulyo, Ungaran Timur. Wong-wong padha ngumpul bareng: saka awak media, lembaga, driver ojol, nganti tokoh masyarakat.(22/7)
Ana uga Kontraktor saka PT Aico Negara Dahak, Direktur Bang Brayen, sing melu jagongan bareng.
Obrolan ngalor-ngidul kuwi ora mung guyonan thok, nanging ya kebak keluh kesah. Kayata Pak Bagio, mantan pegawai Dinas Peternakan Provinsi Jateng sing saiki nyambut gawe dadi driver ojol, nyritakake nek saiki sepi penumpang, baik online utawa oplen.
“Online sepi, oplen yo meh podo wae. Nanging urip kudu tetep dilakoni,” ujare karo senyum tipis.
Jagongan kuwi uga nyenggol babagan investasi lan peran LAI BPANL Jateng. Edy Bondan, pengamat sosial versi Jowopos.id, kang Adi, ngandhakake yen penting ana kerjo bareng antarane masyarakat, media, lan lembaga kanggo nggawe owah-owahan sing positif.
Sanajan suasanane santai lan kebak guyonan, ning jagongan kuwi tetep nggawa makna jero: pentinge guyub rukun lan saling nyengkuyung ing tengah-tengah angelé urip jaman saiki.
Pewarta : Yogie PS






