Home / Warto Anyar / Rego Rakyat Roso Rojo Mung Siji Nok Salatiga” Tempura Rp Limolas Ewu Ndut Wareg!!

Rego Rakyat Roso Rojo Mung Siji Nok Salatiga” Tempura Rp Limolas Ewu Ndut Wareg!!

SALATIGA | JOWOPOS.ID – Ana sing unik lan gawe penasaran neng pojokan Pasar Andong, Salatiga. Utamane kanggo kowe-kowe sing seneng jajanan gorengan lan cemilan pinggir dalan. Inak Inuk, warung cilik sing dodolan aneka tempura lan sosis, ndadak viral lan dadi buruan, utamane para ibu-ibu lan cah wadon. Lha piye, mung nganggo modal Rp 15 ewu, kowe iso nikmati konsep all you can eat tempura!

Salah sijine, Vera, warga Pabelan, ngaku penasaran merga ndelok video sing rame disebar nang TikTok. Awale dikira neng Ungaran, jebul malah luwih cedhak.

“Kebeneran wingi koncoku habis jajan neng kene. Tak takoni, jajan nang endi? Dijawab, neng Pasar Andong. Iki tadi sekalian nganter pesenan, terus mampir,” critane Vera karo mesem, ngetokake tempura tumpukane.

Miturut Vera, sistem ambil dewe iki cukup nantang. Soale, nek nganti ana gorengan sing tiba pas njupuk, berarti mainane langsung rampung, ora oleh njupuk maneh.

“Neng kene luwih murah lan worth it. Tapi yo tergantung kitane, kudu telaten nggolek bentuk lan natae. Yen pas bentuk tempurane, iso tambah maneh lan nambah akeh,” ujare.

Tips saka Vera? Rapikna tempura sesuai bentuk, ben ora gampang tiba lan iso njupuk luwih akeh. Nanging beda maneh karo Alia, pembeli saka njaba kutha sing teka merga video medsos. Strategine luwih taktis.

“Sing ngisor pisan dijupuk sing tipis-tipis dhisik. Nek langsung njupuk bakso soko ngisor, mesthi tiba, soale ora rata,” ujare Alia.

Alia percaya, kunci utama yaiku sabar lan trampil nata. Buktine, dheweke iso nggawa meh 100 biji tempura mung nganggo Rp 15 ewu.

“Untunge akeh iki. Mung mbayar Rp 15 ewu, isa nggawa sak baskom. Nek neng panggonan liya paling mung entuk 15 biji, soale rega siji tempura biasane Rp 1 ewu,” kandhane kanthi sumringah.

Sak jerone rame-rame antre lan rebutan gorengan, ana sosok Tari, penjual sing ramah lan tansah mesem. Dheweke ngandhakake yen konsep unik iki pancen wis ditindakake sawetara wektu kepungkur.

“Yen ana sing tiba pas njupuk, yo wis, dihitung rampung lan ora oleh njupuk maneh,” ujare Tari marang JowoPos.id, Rebo (23/7/2025).

Tari uga ngakoni, konsep iki kadang nggawe deg-degan. Yen ana sing pinter nata lan isa njupuk akeh, yo bisa dibilang rada rugi. Tapi benere, ora kabeh pembeli iso pinter strategi.

“Yo isih untung lah,” ujare santai karo mesem.

Saben dina, lapake iso ngasilake omset antarane Rp 800 ewu nganti Rp 1,5 juta. Inak Inuk buka wiwit jam 12.00 WIB nganti jam 21.00 WIB bengi. Dadi, kanggo kowe-kowe sing pengin uji nyali nata tempura, aja nganti ketinggalan jam bukane, yo!

Ditulis Dining : Witriyani

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *