DEMAK | JowoPos.id –Wakapolres Demak, Kompol Hendrie Suryo Liquisasono, nganakake acara Temu Sambung Asih bareng para wartawan saka kabupaten Demak. Acara iki dianakake Kamis sore (24 Juli 2025) nang Reinz Café & Resto, Perum Bintoro Asri, lan dadi ajang silaturahmi uga perkenalan karo para awak media.
Ing sambutane, Kompol Hendrie nyampeake yen acara iki dudu mung seremonial, nanging wujud niat apik kanggo nguatake hubungan antarane Polri lan media.
“Kula rawuh mriki pengin paseduluran, kenalan karo kanca-kanca wartawan. Mugi sesambungan kita tansah rukun lan akrab,” ujare Kompol Hendrie kanthi ramah.
Panjenengane uga nyritakake pentingé kerjasama antarane kepolisian lan media, apamaneh ngadepi momen-momen sing bisa nimbulake dinamika ing masyarakat.
“Mugi Demak tansah tentrem, aman, lan adoh saka rame-ramé sing ora perlu. Yen komunikasi apik, insyaAllah kabèh isa dilewati bareng-bareng,” imbuhé.
Dipuntulis Dining : Kang Adi JowoPos.id






