Home / Warto Anyar / GEMATIGA Resmi Muncul, Remaja RT 03 RW 02 Leyangan Milih Pengurus Anyar

GEMATIGA Resmi Muncul, Remaja RT 03 RW 02 Leyangan Milih Pengurus Anyar

Ungaran Timur | JowoPos.id – Semangat gotong royong lan inisiatif para remaja RT 03 RW 02, Desa Leyangan, Kecamatan Ungaran Timur, Kabupaten Semarang, wis ngasilaké kawujudé organisasi kepemudaan anyar sing dijenengi GEMATIGA (Generasi Maju RT 03). Organisasi iki resmi kawujud sakwisé ana musyawarah ing dina Jumat, 25 Juli 2025, sing dianakaké neng omahé Pak RT, Bapak Endrik Indrawan.

Musyawarah kuwi lumaku kanthi gayeng lan hangat, lan uga dihadiri déning Koordinator KKN USM (Universitas Semarang) ing Desa Leyangan, Septiano, sing maringi semangat marang para remaja supaya tetep gawe kegiatan sing kreatif, inovatif, lan migunani kanggo masyarakat.

Pak Sutrisno, tokoh masyarakat sing uga dadi pembina remaja, ngaturaké pangarep-arep supaya GEMATIGA bisa dadi motor penggerak kegiatan sosial lan mbangun watak becik kanggo para remaja ing lingkungané.

Saka asil musyawarah kuwi, kasil kapilih pengurus inti GEMATIGA kaya mangkéné:

Ketua: Abi Topani

Sekretaris I: Sasa

Sekretaris II: Suci

Bendahara: Norin

Organisasi GEMATIGA diarep-arep bisa dadi wadah kanggo ekspresi lan kerjasama para mudha, utamané ing wilayah RT 03.

Apresiasi uga teka saka tokoh masyarakat. Pak Suparno, salah siji warga senior, maringi dukungan lan langsung menehi tugas marang GEMATIGA supaya dadi panitia peringatan HUT ke-80 Kemerdekaan RI nang lingkungané.

“Kula bangga lan ndhukung tenan karo semangaté bocah-bocah RT 03 sing cepet tanggap lan siap mbangun lingkungan,” ujare Pak Suparno.

Sakwise musyawarah rampung, acara ditutup nganggo foto bareng karo kabeh peserta, kalebu perwakilan mahasiswa KKN saka Universitas Semarang (USM) sing rawuh ing pungkasan acara. Iki dadi simbol kolaborasi antara mahasiswa lan pemuda desa.

Kawujudané GEMATIGA dadi wiwitan anyar kanggo kebangkitan gerakan kepemudaan ing Desa Leyangan – sawijining langkah strategis saka ngisor sing diarep-arep bisa ndadèkaké perubahan positif lan lestari.

Dipuntulis Dining : Kang Adi 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *