SALATIGA ||JOWOPOS.ID – Wakil Wali Kota Salatiga, Nina Agustin, rawuh ing acara Dawuhan Dandan Kali Sendang Gambir sing digelar ing Dusun Tetep, Kelurahan Randuacir, Kecamatan Argomulyo, ing dina Jum’at (25/07/2025). Acara iki ngangkat tema “Nguri-uri Tradisi Jawi Sedekah Bumi (Saparan)” lan dadi bagian saka tradhisi Merti Dusun sing ditindakake saben taun.
Acara iki uga ditekani déning Ketua DPRD Kota Salatiga, Komandan Koramil Argomulyo, Komandan Kodim 0714 Salatiga, Kapolsek Argomulyo, Camat Argomulyo, Lurah Randuacir, Ketua RW lan RT, Komunitas Jaga Tirta Salatiga, Paguyuban Padang Gambir, lan warga Dusun Tetep.
Rangkéan Dawuhan dimulai saka kerja bakti resik-resik lingkungan, kenduri lan ndonga bebarengan, banjur ditutup mangan bareng antar warga. Sakwise kuwi, bakal diterusaké karo pentas Tari Gambyong ing dina Rabu Pon (30/07/2025) sing dadi puncak acara Merti Dusun.
Ing sambutané, Wakil Wali Kota Nina Agustin ngaturaké rasa bungah lan banggane ndeleng masyarakat isih njaga tradisi lokal.
“Kegiatan kaya ngene iki kudu dilestarèkaké. Ora mung tradisi, nanging uga dadi bukti nyata gotong royong lan kebersamaan. Yen dilakoni saben taun ping pindho, artiné masyarakat isih ngajèni lan nresnani budaya warisan leluhur. Muga-muga generasi mudha bisa terus nerusaké lan tresna karo budaya dhewé,” ujare Bu Nina.
Saka Ketua Paguyuban Sendang Gambir uga diandharaké menawa Dawuhan Dandan Kali iki duwé makna kang jero.
“Nyadran Dawuhan Dandan Kali kuwi ora mung ritual, nanging uga wujud kearifan lokal kang kebak nilai spiritual, sosial, lan budaya. Iki kudu dijaga ben ora ilang saka generasi menyang generasi,” ujare.
Warga Dusun Tetep padha melu acara iki karo semangat lan rasa syukur. Kajaba kanggo ajang syukuran lan silaturahmi, Dawuhan uga dadi pangeling-eling supaya masyarakat tansah peduli karo lingkungan lan tradisi leluhur.
Dipuntulis Dining : Kang Adi






