Home / Warto Anyar / Warga RT 03 RW 03 Leyangan Gotong Royong Cor Jalan, Ngandelke Swadaya lan Donasi

Warga RT 03 RW 03 Leyangan Gotong Royong Cor Jalan, Ngandelke Swadaya lan Donasi

Ungaran Timur|JowoPos.id-Warga RT 03 RW 03 Desa Leyangan, Kecamatan Ungaran Timur, lagi sibuk-sibuke bareng-bareng nindakake kerja bakti cor jalan gang. Proyek iki murni swadaya saka warga dhewe, tanpa ngandelke dana pemerintah.

Ketua RT 03, Pak Endrik Indrawarman, matur yen panjenengane ngarep-arep pengecoran iki bisa rampung sakdurunge Agustusan HUT RI ke-80.

“Mugi-mugi rampung sakdurunge HUT RI. Iki kabeh saka kekompakan warga lan bantuan donasi sing gelem nyengkuyung,” ujare.

Saka pihak liya, tokoh saka LAI BPAN Jateng, Kang Adi, sing dikenal aktif nang kegiatan masyarakat, menehi apresiasi marang usaha warga RT 03. Senajan ora bisa rawuh amarga ana kegiatan peliputan ing Salatiga, dheweke tetep siap nyengkuyung lewat publikasi lan donasi.

“Aku bakal terus ngawasi lan nyengkuyung pembangunan iki, paling ora liwat publikasi lan nyumbang sak bisaku,” ujare.

Pak Endrik uga nambahake, kegiatan cor jalan iki lumaku lancar, meski ana siji loro warga sing durung melu.

“Kuwi lumrah, sing penting mayoritas gelem melu lan nduwe rasa nduweni. Pengurus lan warga padha gotong royong saling nglengkapi,” ujare maneh.

Kerja bakti dina iki dilakoni ing wilayah Poskamling anyar, persis ing ngarepe omahe Pak Ustadz Warsidi lan Pak Swarso, dina Ahad, 27 Juli 2025.

Suasana kerja bakti katon rame lan gayeng. Warga padha guyub rukun, saling rembug, canda tawa nambahi keakraban. Pancen kerja bakti ora mung bangun fisik, nanging uga nguwatke rasa kekancan lan kerukunan.

Dipuntulis Dining :Kang Adi 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *