Home / Warto Anyar / Kapolres Semarang Maringi Wejangan lan Motivasi, Pimpin Upacara Nang SMK Islam Sudirman Ungaran

Kapolres Semarang Maringi Wejangan lan Motivasi, Pimpin Upacara Nang SMK Islam Sudirman Ungaran

UNGARAN | JOWOPOS.ID –Upacara bendera Senin esuk (28 Juli 2025) nang SMK Islam Sudirman Ungaran dadi luwih istimewa merga sing dadi pembina yaiku Kapolres Semarang AKBP Ratna Quratul Ainy, SIK., M.Si..

Nang amanate, AKBP Ratna maringi arahan lan motivasi kanggo para siswa supaya ora melu-melu tumindak sing nyimpang hukum, kaya tawuran utawa kekerasan antar pelajar sing saiki isih kerep kelakon.

“Ojo nganti nyoba-nyoba nglanggar hukum, sanajan mung cilik. Kowe kabeh iki generasi penerus bangsa. Tugas utamamu ya sinau lan nyiapke masa depanmu,” ngendikane Kapolres kanthi tegas nanging kebak welas asih.

Kapolres rawuh bareng Kasat Binmas AKP Hartini, SH., minangka bagéan saka program pembinaan karakter lan edukasi hukum saka Polres Semarang. Iki dadi bukti yèn kepolisian ora mung nang dalan, nanging uga melu ngopeni generasi enom ing sekolahan.

Upacara lumaku kanthi khidmat lan disambut antusias karo para siswa, guru, lan staf sekolah. Kepala SMK Islam Sudirman, Huda Al Amin, S.Pd. matur nuwun marang Kapolres lan jajaran sing wis maringi perhatian kanggo siswa-siswane.

“Matur nuwun sanget dhumateng Ibu Kapolres. Iki pancen pencerahan kanggo siswa-siswa supaya luwih ngerti hukum lan ora tumindak sembarangan,” ujare Pak Huda nang ngarepe Kapolres.

Kegiatan iki mbuktekake yèn sinergi antarane sekolah lan aparat kuwi penting kanggo mbangun lingkungan sinau sing aman, tertib, lan nyenengake.

[Kang Adi]

 

 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *