Demak|JowoPos.id – Polres Demak, Jawa Tengah, wis rampung nglakoni Operasi Patuh Candi 2025 sing dianakake suwene 14 dina, saka tanggal 14 nganti 27 Juli 2025.
Saka operasi penegakan hukum lalu lintas kuwi, ana 1.710 pelanggaran sing kasil ditindak.
“Ing taun 2025 iki, ditemokaké 1.710 pelanggaran, kanthi rincian tilang ETLE 23, tilang manual 1.080, lan teguran 607,” ujare Plt. Kasi Humas Polres Demak, IPTU Said Nu’man Murod, dina Senin (28/7/2025).
Data nuduhaké, pelanggaran paling akèh yaiku melawan arus, tekan 705 kasus. Sabanjuré, nyetir neng ngisor umur 132 kasus, ora nganggo helm SNI 99 kasus, nopol ora cocog aturan 96 kasus, lan knalpot ora standar 35 kasus. Ana uga 2 kasus boncengan luwih saka siji, lan 1 kasus nerobos lampu abang.
Kanggo pelanggar kendaraan roda papat, pelanggaran paling dominan yaiku nopol ora cocok aturan lan ora nganggo sabuk pengaman.
“Total ana 33 pelanggaran saka pengendara roda papat, rinciané: 15 nopol ora cocok aturan, 14 ora nganggo sabuk pengaman, 3 nerobos rambu lalu lintas, lan 1 kelebihan muatan,” ujare.
Sajeroning Operasi Patuh iki, Polres Demak tegas nindakaké 7 pelanggaran pokok sing biasané dadi sebab kecelakaan, yaiku:
1. Nyetir nganggo HP
2. Pengemudi neng ngisor umur
3. Boncengan luwih saka siji
4. Ora nganggo helm SNI / ora nganggo sabuk pengaman
5. Nyetir pengaruh alkohol
6. Melawan arus
7. Nyetir kacepetan ngluwihi batas
IPTU Said Nu’man nambahaké, karyawan lan pelajar dadi kelompok paling akèh sing melanggar sajrone Operasi Patuh Candi 2025 ing wilayah Demak. Iki dadi perhatian penting kanggo edukasi lan sosialisasi keselamatan lalu lintas, utamané marang generasi nom-noman.
“Awaké dhewé ngarep, rampungé operasi iki ora dadi alesan masyarakat kendor disipliné. Kamseltibcarlantas (Keamanan, Keselamatan, Ketertiban, lan Kelancaran Lalu Lintas) kuwi butuhé bebarengan lan kudu dijaga terus-terusan,” pungkasé.
Dipuntulis Dining : Kang Adi






