Ungaran Timur|| JowoPos.id–Warga RT 03 RW 02, Desa Leyangan, Kecamatan Ungaran Timur, tetep semangat nindakake kerja bakti pengecoran Gang Batak. Sing nggumunke, kegiatan iki tetep dilakoni sanajan dana kas RT lagi kosong.(3/8)
Ketua RT Endrik Indrawan njelaské, pengecoran dilakoni kanthi sistem gotong royong
“Pak RT 03 nyilihaké dhuwit talangan sakdurungé Rp2.500.000 supaya pengecoran ing Gang Batak tetep bisa diterusaké.”
Warga bebarengan nyumbang tenaga, bahan bangunan, nganti logistik kanggo konsumsi. “Sanajan ora ana dana kas, alhamdulillah warga tetep semangat lan gelem urunan,” ujare Pak RT kanthi senyum.
Kegiatan pengecoran wis mlaku pirang-pirang minggu lan direncanakake bakal rampung sakdurunge peringatan HUT RI ke-80. Warga uga ngrasakaké manfaat langsung saka proyek iki amarga akses dalan dadi luwih gampang lan ora becek manèh nalika udan.

“Sakbenere pengin ngandelke dana kas RT, nanging merga isih kosong, yo wis, kita bareng-bareng urun apa sing bisa,” tambah Pak Endrik.
Kekompakan warga iki dadi bukti yèn semangat gotong royong isih kuwat nang kampung-kampung.
Warga ngajap, kegiatan bareng-bareng kaya ngene bisa terus dijaga lan dadi inspirasi kanggo RT liyane.
Dipuntulis Dining : Kang Adi






