Home / Warto Anyar / Ngindari Montor, Truk Kontainer Mblusuk Nduwur Pembatas Jalan Nang Bawen

Ngindari Montor, Truk Kontainer Mblusuk Nduwur Pembatas Jalan Nang Bawen

Kabupaten Semarang | Jowopos.id – Kedadeyan lakalantas tunggal nyenggol warga manèh. Wektu udan deres Selasa bengi (5 Agustus 2025) jam 19.30 WIB, siji truk kontainer nomer polisi H 8215 UG, dikemudèkaké Aris (44), warga Semarang, mblusuk ning pembatas dalan (median) cedhak wisata Cimory, wilayah Desa Jatijajar, Kecamatan Bergas, Kabupaten Semarang.

AKP Lingga Ramadhani, Kasat Lantas Polres Semarang, nerangké yèn kejadian kuwi murni laka tunggal. “Ora ana korban jiwa, alhamdulillah. Truk nyoba ngindari montor sing ora jelas nomere, ndadak mindah lajur saka kiwa nyabrang neng kanan,” ujare AKP Lingga.

Truk kontainer sing lagi mlaku saka arah Bawen menyang Semarang kuwi, naliko kuwi posisi ana ing lajur tengen. Amarga dalan menurun lan kahanan udan deres, pengemudi mbanting stir nganti truk munggah median lan ndadekké kepala truk nutupi setengah lajur arah kosok balen.

Muatané obat herbal, nanging untunge ora tumpah. Kanggo evakuasi, crane didatangkan kanggo mindahaké truk saka atas median beton. Satlantas langsung tanggap, ngatur lalu lintas ing lokasi sing isih kebanjuran udan.

AKP Lingga nambahi, “Kita wanti-wanti masyarakat, utamané pengendara, supaya ngati-ati nek kahanan udan. Jalan licin, pandelengan ketutup, aja sembarangan mindah lajur.”

Pesené Satlantas cetha: manut rambu, waspada sakdurungé pindah lajur, lan ngajeni pangguna dalan liyané.

Dipuntulis Dining :Kang Adi 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *