WONOSOBO | JOWOPOS.ID – Gegayutan karo keluhan saka warga soal nomor WhatsApp kroscek STNK kang angel dihubungi, pihak Polres Wonosobo liwat petugas Samsat ngeculake klarifikasi resmi, Rebo (6/8/2025).
Bripka Arif Hidayat, petugas pelayanan STNK Polres Wonosobo, nerangke yèn nomor WA kuwi sakjane isih aktif lan digunakaké saben dina. Nanging amargi akehe pesan kang mlebu saben dina nganti ewuan, jawaban saka petugas dadi ora bisa langsung.
“Nomoré aktif, mung balasane ora bisa langsung amarga pesané akeh banget. Nanging kabeh tetep dijawab siji-siji,” ujare Bripka Arif.
Dhèwèké nambahna, lambate cetak STNK kuwi salah sijine merga material STNK saka pusat durung tekan. Mulane warga mung diwènèhi bukti pajak sementara, sing ing mburine ana cap tanggal pengambilan lan nomor WA kanggo kroscek.
Sanadyan ngono, warga ora perlu kuatir. Bripka Arif njelaské yèn yen warga teka miturut jadwal tanggal kang wis dicap, STNK wis bisa dijupuk langsung tanpa kudu nunggu balasan WA.
“Sing penting teka pas tanggalé, STNK mesthi wis siap lan bisa dijupuk neng loket,” cethane.
Pihak Polres Wonosobo ngimbau marang masyarakat aja gampang kesusu percaya informasi sing durung cetha beneré, lan tetep manut jalur pelayanan resmi
Dipustulis Dining :Angger S






