Home / Warto Anyar / Polres Semarang Bagekno Bendera Merah Putih, Warga Seneng Pol!!!

Polres Semarang Bagekno Bendera Merah Putih, Warga Seneng Pol!!!

UNGARAN– JOWOPOS.ID Alun-alun lawas Ungaran, Kamis sore (8/8/2025), dadi rame ora kayak biasane. Lho piye? Soale poro polisi saka Polres Semarang turun langsung ngebagekno bendera Merah Putih nang dalan.

Kapolres Semarang, AKBP Ratna Quratul Ainy, SIK., M.Si., mlebu ndhisiki kegiatan iki. Mbak Ratna iki ora mung mimpin, tapi yo melu nyapa lan ngguyu bareng masyarakat. Dadi makin gayeng suasanane.

“Iki bagian saka peringatan HUT ke-80 RI. Kita pengin masyarakat tambah semangat nasionalisme, nggak mung mungguh bendera neng ngarep omah, tapi yo ning ati,” ujare Bu Kapolres karo senyum sumringah.

Ora mung dibagekno nang pengendara motor, mobil, truk, sampai tukang cilok sing kebeneran liwat, kabeh diduweni bendera gratis.

“Wis sekitar 20.000 bendera kita bagikno. Ora mung nang dalan, tapi yo nyambangi warga-warga sing isih durung masang bendera Merah Putih nang omahe,” tambah Bu Ratna karo gaya santai.

Unik e maneh, wong sing tertib lalu lintas , apalagi bocah cilik sing nganggo helm rapi – diwenehi cokelat lan snack gratis. Wah, rasa-rasane kayak dapet THR dadakan!

“Iki bentuk apresiasi marang warga sing wis tertib berlalu lintas. Sekalian edukasi ben ora sembrono nang dalan, supaya kecelakaan iso dikurangi,” pungkas Bu Kapolres sambil ngguyu manis.

Warga yo seneng pol. “Polisine ramah-ramah, cakep-cakep meneh. Bendera olehe, cokelat olehe. Kurang opo coba?” celoteh salah siji pengendara sing langsung pasang benderane nang stang motore.(..)

Dipuntulis Dining : Kang Adi

 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *