Home / Warto Anyar / Polisi Mendaki, Bendera Daki Uga!!! Polres Semarang Ngetokne ‘Merah Putih’ Nang Pucuke Gunung Ungaran”

Polisi Mendaki, Bendera Daki Uga!!! Polres Semarang Ngetokne ‘Merah Putih’ Nang Pucuke Gunung Ungaran”

UNGARAN – Jowopos.id- Polres Semarang nggak kehabisan akal kanggo ngrayakne HUT RI ke-80. Ora cuma upacara nang lapangan utawa lomba makan krupuk, tapi malah ngetokne ide ndeso tapi keren: ngibarke bendera Merah Putih nang pucuke Gunung Ungaran!

Jumat esuk (8 Agustus 2025), seger-seger nyedot embun, rombongan polisi dipimpin langsung Kapolres Semarang AKBP Ratna Quratul Ainy, SIK., M.Si., bareng Wakapolres lan para pejabat utama, langsung tancap gas mendaki lewat jalur Prantunan. Start jam 05.45 WIB, nang ndhuwur tekan pucuk Gunung Ungaran 2050 Mdpl, pas jam 08.20 WIB. Cekatan tenan rek!

Total ana 80 personel sing melu, simbolis banget karo umur Kemerdekaan RI sing mlebu angka wolulas puluh tahun. Sakdurunge mendaki, kabeh peserta apel singkat lan ndedonga bareng, mugo-mugo slamet tekan pucuk, ora sampek kesasar nganti tekan Gunung Fuji.

Sesampai nang pucuk, langsung wae bendera Merah Putih dikibarke nganggo khidmat, bareng nyanyi lagu “Indonesia Raya”. Suasana njedul haru, bangga, lan merinding sampek dengkul. Gak ono yang mikir ngopi, kabeh serius karo nasionalisme!

Kapolres AKBP Ratna ngomong, iki dudu mung simbol kemerdekaan, tapi bentuk kekompakan lan rasa tresno marang NKRI.

“Ngibarke bendera nang pucuk gunung kuwi artine semangat kemerdekaan kudu terus nang ati saben wong, ora peduli nang ngendi wae. Merdeka ora mung nang kertas, tapi kudu kerasa nang jiwa,” ujare bu Kapolres karo semangat.

Kegiatan iki dadi bagian dari rangkaian acara HUT RI ke-80 nang Polres Semarang. Saliyane menek gunung, kabare bakale ana lomba tarik tambang antar satlantas karo reserse, tapi ora dadi berita utama mergo kabeh kalah karo Merah Putih sing ngadeg gagah nang pucuke Gunung Ungaran.

MERDEKA, Rek!! 

[Dipuntulis dining : kang Adi]

 

 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *