Home / Warto Anyar / Rutan Salatiga Guyub Rukun, Baksos Kemerdekaan Ora Mung Upacara Tok!

Rutan Salatiga Guyub Rukun, Baksos Kemerdekaan Ora Mung Upacara Tok!

SALATIGA |JOWOPOS.ID – Warga sekitar Rutan Salatiga iso mesem bareng, soale pas HUT ke-80 RI, Sabtu (16/8), pihak Rutan ngadani bakti sosial nganggo tema “Merdeka Peduli Sesama”. Dudu acara seremoni sing mung gegap gempita, nanging beneran ngasih sembako kanggo warga sekitar.

Kepala Rutan Salatiga, Anton Adi Ristanto, sing nyalurke langsung sembako ngomong:

“Iki wujud syukur, Mas. Mungkin ora akeh, tapi sing penting iso bareng-bareng ngrasakke manfaaté. Pokoke Pemasyarakatan kudu Pasti Bermanfaat,” ujare karo senyum tipis.

Warga sing nampa bantuan podo mesem, ana sing guyon, “Lha nek iso saben minggu yo tambah penak uripé, Pak!” 🤭

Anton njlentrehke, kemerdekaan kudu dimaknai ora mung pasang bendera lan upacara, nanging kudu ana rasa kebersamaan lan saling bantu. “Sing cilik-cilik iki nek bareng-bareng yo iso dadi gedhe,” tambahé.

Ora mung sekadar baksos, kegiatan iki uga dadi bagian ndhukung program Presiden Prabowo Subianto lan 13 Program Akselerasi Menteri Imigrasi lan Pemasyarakatan Agus Andrianto.

Pokoke, Rutan Salatiga wis mbuktekke yen ora mung ngurus warga binaan, nanging uga iso guyub rukun karo masyarakat sak sekitaré. Merdeka yo merdeka bareng-bareng, dudu merdeka dhewekan! 🇮🇩

Dipuntulis Dining : Kangmas Yogie 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *