Ungaran |Jowopos.id- Polres Semarang nggelar pengamanan kegiatan pengesahan warga anyar saka Persaudaraan Setia Hati Terate (PSHT) Parluh 17 ing Stadion Pandanaran Wujil, Kecamatan Bergas, Kabupaten Semarang, ing bengi Setu tanggal 19 Juli 2025.
Kapolres Semarang, AKBP Ratna Quratul Ainy, S.I.K., M.Si., mimpin langsung pengamanan kanthi nyebarake 449 personel. Pengamanan uga dibantu unsur TNI lan saka internal PSHT dhewe.
“Pengamanan iki dimaksudake supaya acara pengesahan bisa lumaku tertib, aman lan kondusif. Amarga pengalaman sadurunge, sok-sokan ana konvoi kang ngganggu kamtibmas lan pengguna dalan,” ujare Kapolres nalika ana ing lokasi.
Kapolres nambahake menawa Polres Semarang wis netepake titik-titik rawan lan nindakake pemantauan ketat ing wilayah-wilayah kang dadi jalur tumuju lokasi.
Miturut Kapolres, acara pengesahan warga PSHT iki minangka bagian saka tradisi internal organisasi pencak silat, kang wis suwe dilakoni. Para peserta lan masyarakat diajak tetep ngajeni nilai-nilai paseduluran lan ngajeni tertib umum.
“Mugi acara pengesahan iki saged dadi momentum kang positif, ngisi kalodhangan nganggo kegiatan kang migunani kanggo ngembangake jiwa sosial lan manfaat kanggo masyarakat. Ayo padha ninggal tradisi-tradisi kang nimbulake rasa ora seneng saka masyarakat,” pangandikane AKBP Ratna.
Salajengipun, Polres Semarang uga ngamanake loro anggota PSHT kang diduga melu tumindak kasar. Kajaba iku, petugas uga nindakne penilangan marang 120 pengendara motor kang ketangkep nindak pelanggaran lalu lintas.
[Kang Adi ]






