Demak / Jowopos.id – Stadion Sultan Fatah Demak mendadak rame, polisi-polisi Polres Demak nganti ASN padha grobyakan nganggo training. Jare acara iki jenenge Tes Kesamaptaan Jasmani (TKJ) semester II, Selasa (26/8/2025).
Kapolres Demak, AKBP Ari Cahya Nugraha, ngendiko nek tujuanane jelas: biar polisi ora mung gagah neng seragam, tapi yo sehat tenan.
“Tes iki telung dina, kabeh wajib melu. Opo pangkatmu tinggi opo keri, pokoke kudu ngucul kringet, ra iso alesan mendadak encok utawa kebelet mangan sate,” guyon Pak Kapolres.
Sakdurunge lari 12 menit, kabeh peserta dicek kesehatan. Tim Sidokes mriksa timbangane, dhuwure, nganti tensi. Sing tensine ngetokke angka kaya meteran listrik telat bayar, langsung dicoret sik, ditunda melu TKJ.
Materine yo komplit: lari 12 menit, pull up, push up, sit up, nganti shuttle run. Sing biasane push up mung pas nyapu garasi, saiki kudu beneran push up nganti keringet netes kaya es teh gelas digodhog.
“Tes iki wajib saben semester. Polisi kudu fit, ra iso mung fit neng foto upacara wae. Nek awak e ra kuwat, piye jal nek ngejar maling? Iso-iso malah polisine sing digotong warga,” pungkas Kapolres karo senyum tipis-tipis.
Dipuntulisdining : Kangmas Yogie






