Demak / Jowopos.id – Suasana Demak mendadak rame, bukan karena ada pasar malam, tapi Forkopimda bareng Polres Demak nggelar patroli skala besar, Senin (1/9/2025). Rombongan pejabat lengkap, dari Bupati Demak dr. Esti’anah, Dandim 0716 Letkol Arm Dony Romansah, sampek Kapolres Demak AKBP Ari Cahya Nugraha, kabeh kompak mlaku bareng.
Rutené ora main-main, mulai Pendopo Kabupaten, mampir Kejaksaan, Kodim, Polsek Demak Kota, Polres Demak, DPRD, nganti finish neng Polsek Karangtengah. Pokoké wis kayak gowes bareng, tapi versi resmi nganggo mobil dinas.
Kapolres Demak AKBP Ari Cahya Nugraha ngendiko, patroli iki dudu sekedar muter-muter, tapi langkah cepat nyambut perkembangan kahanan saiki.
“Selain nambah semangat kanca-kanca petugas sing jaga kantor, patroli iki kanggo menehi rasa aman ning masyarakat. Kita bareng Forkopimda arep njaga Demak tetep kondusif,” ujare sambil senyum tipis.
Kapolres uga ngajak masyarakat ora mung dadi penonton. “Yen ngerti ana gangguan kamtibmas, monggo lapor langsung ke kantor polisi utawa telpon 110. Ojo sungkan, soale keamanan kuwi tugas bareng-bareng,” tambahé.
Sing paling penting, Kapolres wanti-wanti soal informasi. “Saiki jaman medsos cepet tenan. Nek entuk kabar sing durung jelas, ojo langsung di-share. Dicek disit, ben ora dadi hoaks sing malah gawe rame,” tegasé.
Forkopimda iki bukti nek sinergi ora mung teori, tapi praktik. Wong ndelok pejabat kompak patroli, rasa aman yo tambah. Intiné, Demak ora mung kota wali, tapi uga kota sing dijaga bareng-bareng.
Dipuntulisdining :Kangmas Yogie



