Demak/ JOWOPOS.ID – Ora mung wong ndeso sing doyan ngopi, saiki Kapolres Demak AKBP Ari Cahya Nugraha yo melu-melu nggawe program anyar jenenge “Ngopi Bareng”. Bukan sekadar ngopi biasa, tapi ngopi sing iso nggawe polisi luwih cedhak karo rakyat.
Launching perdana digelar neng GOR Katonsari, Jumat (12/9/2025), suasanane meriah, wong-wong padha teko, kepala desa sak-Kecamatan Demak yo ora ketinggalan.
Kepala Desa Katonsari, Pak Mahfud, ngomong karo gaya khas bapak-bapak sing wis kenyang pengalaman:
🗣️ “Ayo rek, keamanan kui dudu urusane polisi tok. Mulai saka omah dewe, awasi anak-anake, ojo nganti kelakon salah gaul. Nek wis kecemplung, sing repot kabeh,” ujare sambil nyeruput kopi panas.
Sakdurunge suasana adem, Kepala Desa Karangmelati, Pak Chairus Sholeh, langsung nyeletuk masalah klasik sing ga iso ilang-ilang: miras Es Moni.
🗣️ “Iki lho pak, es kok malah memabukkan. Murah regane, bocah cilik sampek wong tuwo iso tuku. Mbok yo ditindak tegas, ojo mung disidak sak kedipan mripat, mengko metu maneh,” sindire nyentil.
Kapolres Ari langsung njawab, blak-blakan tanpa muter-muter:
🗣️ “Wes sering tak razia, rek. Tapi masalah e, hukumane mung Tipiring, yo iso metu maneh. Nek arep bener-bener ilang, kudu bareng-bareng, polisi, pemerintah, karo masyarakat. Yen perlu, pemerintah nggawe sanksi sosial, ben pedagang lan pembeli podo kapok,” tegas Ari sambil mesem tipis.
Ora mung masalah miras, Kapolres yo nyelipne ucapan matur nuwun marang wong Demak sing ora gampang kepancing ajakan demo anarkis neng medsos.
🗣️ “Mantap iki warga Demak, ora gampang digoyang isu. Kabeh tetep adem ayem, ora ketularan daerah liyane sing rame,” ujare.
Program Ngopi Bareng iki jelas ora mung soal ngopi, tapi ngudud masalah bareng, sambil guyonan tipis-tipis, lan ujung-ujunge tetep: Demak kudu kondusif, aman, lan guyub rukun.
Dipustulisdining:Mulyono






