UNGARAN |JOWOPOS.ID- Warga RT 03 RW 02 Krajan, Kelurahan Leyangan, Kecamatan Ungaran Timur, Kabupaten Semarang, pancèn kudu diacungi jempol loro!
Dipimpin Ketua RT sing kompak lan energik, Pak Endrik Indrawan, warga padha guyub rukun, ora mung nek ana hajatan, ning uga nek ana kegiatan sosial.
Minggu (12/10/2025) esuk, suasana kampung Krajan rame kaya pasar kliwon. Warga padha nyepakaké tiga tenda gedhé ukuran 4 x 6 meter kanggo dicat bareng-bareng. Ora mung nyepakaké kuas lan cat, ning uga nyepakaké wedang jahe lan gorengan biar tambah semangat.
“Iki tenda bareng kanggo acara warga, nek ana manten, syukuran, nganti warga sing lagi berduka, kabeh bisa nganggo. Sing penting, ora rebutan tanggal,” seloroh salah siji warga karo guyon.
Tokoh masyarakat, Bapak Suparno, uga ora kélangan rasa banggane.
“Aku seneng tenan ndelok warga kompak kaya ngene. Iki bukti nek kebersamaan isih ana, ora kalah karo HP anyar sing saben dina di-upgrade,” ujare karo ngguyu tipis.
Pengecatan iki dilakokaké kanthi swadaya, Ora nganggo dana desa lan sebagian saka urunan warga. Ora ana tender, ora ana drama, sing ana mung semangat gotong royong lan suara ember diseret keplak-keplok.
Warga RT 03 Krajan Leyangan pancèn dadi conto apik: nek pengin lingkungané maju, ya kudu bareng-bareng, ora mung nyawang ning tumandang.
“Sing penting ora mung tendaé sing anyar, ning semangaté sing kudu tetep kinclong,” tambah Pak Endrik karo gaya khasé sing ngguya-ngguyu.
Dipuntulisdining : Kang Adi






