Home / Warto Anyar / Angin Muter Ora Kenal Ampun ” Hajatan Bubrah, Warung Rubuh, Situs Ambruk!!!

Angin Muter Ora Kenal Ampun ” Hajatan Bubrah, Warung Rubuh, Situs Ambruk!!!

SURUH | JOWOPOS.ID – Walah rek… sore-sore adem ayem, wong-wong lagi santai, ndilalah Kecamatan Suruh, Kabupaten Semarang, dadakan malah kayak adegan film horor. Angin kenceng karo udan deres nggruduk, muter-muter nylempit telung desa sakaligus: Dersansari, Jatirejo, lan Bejilor.

Ora mung atap omah sing melayu, wit-witan pada doyong, lha situs peninggalan Sunan Kalijaga wae kena getahé… ambruk atapé rek!

Kerusakan paling parah nemplok nang Desa Dersansari. Lagi rame hajatan, ndilalah ana wit gede jeblug nimpah tenda karo omah warga. Wong-wong langsung kocar-kacir lari, sing penting slamet saka angin muter-muter ndesek awak.

“Yo, ing Desa Dersansari tenda hajatan ambruk kena wit gedé. Omah-omah uga akeh sing kena, listrik sempat padam pirang-pirang jam,” terang Camat Suruh, Vega Lazuardi, pas diwawancara Sabtu (18/10/2025).

Listrik sak desa sempat mati gaya, kabeh peteng koyok bioskop. Untunge petugas PLN lan BPBD langsung gas pol, bebersih wit-witan sing tumbang supaya dalan iso dilewati maneh.

Lanjut neng Desa Jatirejo, anginé ora kalah nakal. Sawetara omah rusak, nanging sing paling ngenes ya Situs Bale Panjang, petilasan Sunan Kalijaga. Atapé ambruk rek… Padahal situs iku dadi tempat ziarah lan warisan budaya penting nang Suruh.

“Saiki awake dewe lagi koordinasi kanggo penanganan situs bersejarah iki. Sayang rek, iki peninggalan berharga,” tambah Vega.

Nang Desa Bejilor, wit-witan uga pada rubuh. Malah, warung cilik cedek Balai Desa Purworejo kena angin muter, jebluk… rubuh kabeh. Warungé nganti koyok bubur disapu angin, rek!

Syukurlah, meskipun kerusakané parah, ora ana korban jiwa. Tapi warga akeh sing milih ngungsi sek, ngamanaké diri yen-ketok ono angin susulan.

“Saiki kita lagi ngitung total kerusakané. Pokoké sing utama tetep keamanan warga,” tutup Vega.

Ojo nganti disepelekan rek, puting beliung kuwi kadhang muncul ndadak. Nek udan deres karo angin wis muni, luwih apik ngungsi sek sing aman. Ora usah gaya jagoan ngadhepi angin muter… kalah karo wit wae iso rubuh

Dipuntulisdining : Mbak Witriyani

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *