Jatisari , Semarang|JowoPos.id- Nggayuh semangat ngélingi Hari Kemerdekaan Republik Indonesia kaping 80, warga Jatisari 01, Kecamatan Semarang Barat, Kelurahan Gisikdrono, nggelar macem-macem lomba khas Agustusan sing dipun khususaké kanggo bocah-bocah. Kegiatan iki digelar meriah nang wilayah RT 01 Jatisari lan dipenuhi antusiasme saka puluhan bocah saka umur macem-macem.(20/7)
Acara iki digagas sacara swadaya saka warga, nganggo tema “Tuwuh Bareng, Merdeka Bareng”, minangka wujud pendidikan nilai kebersamaan, sportivitas, lan rasa tresna tanah air wiwit cilik.
Aneka lomba tradisional kaya balap karung, lomba mangan krupuk, tarik tambang mini, nganti estafet banyu, marakaké geguyon lan semangat kompetisi sing sehat. Ora mung nglipur, kegiatan iki uga dadi ajang edukasi kanggo nyedhakaké hubungan antar warga lan ngenalaké budaya lomba rakyat marang generasi muda.
Ketua RT 01, Bapak Supriyanto, ngandharaké yèn kegiatan iki dadi simbol prasaja nanging duwé teges kanggo nguri-uri rasa kemerdekaan.
“Bocah-bocah kuwi generasi penerus bangsa. Lewat lomba-lomba koyo ngéné, awaké dhéwé pengin nandur semangat perjuangan lan gotong-royong nang suasana sing nyenengaké. Dudu mung soal menang utawa kalah, nanging luwih soal sinau bareng,” ujare.
Kegiatan ditutup nganggo bagéa hadiah lan bingkisan kanggo kabèh peserta. Senajan prasaja, nanging eseman bocah-bocah lan gegap gempita warga dadi bukti yèn semangat kemerdekaan isih urip ana ing ati masyarakat.
Liwat acara kaya ngéné, warga Jatisari ngarepaké yèn kemerdekaan ora mung dirayakaké karo upacara formal, nanging uga nganggo tindak nyata sing nguataké rasa persatuan lan kabungahan antar generasi.
(Kang Yogie Ps)






