Home / Warto Anyar / Haul Simbah Tegaron lan Sedekah Bumi Warga RW 02 Penggaron Kidul, Ajang Paseduluran lan Uri-uri Tradisi Leluhur

Haul Simbah Tegaron lan Sedekah Bumi Warga RW 02 Penggaron Kidul, Ajang Paseduluran lan Uri-uri Tradisi Leluhur

SEMARANG | JOWOPOS.ID – Ratusan warga RW 02 Kelurahan Penggaron Kidul, Kecamatan Pedurungan, Kota Semarang, Minggu (20/7) esuk padha guyub rukun ngrayakake Haul Simbah Tegaron lan Sedekah Bumi. Acara digelar jam 08.00 WIB lan dadi ajang paseduluran warga sekaligus nguri-uri tradhisi leluhur.

Ketua panitia, Ahmad Hanif, nerangake yèn kegiatan iki dianakaké saben wulan Asyura, minangka ungkapan rasa syukur lan wujud ngajèni marang Simbah Tegaron, tokoh sesepuh kang diyakini mbukak wewengkon Penggaron Kidul.

“Acara iki penting kanggo ngumpulke warga lan nyambung paseduluran. Muga-muga berkah kanggo kabeh,” ujare Hanif.

Hanif uga ngandhakake, taun ngarep panitia ngrancang kirab budaya kanggo mbangkitaké potensi lokal warga. “Punden Mbah Tegaron iku simbol sejarah lan spiritual. Saiki akèh warga wis lali sejarahé, padahal biyèn saben nduwé hajat mesti ana tahlilan lan ndongakake bareng,” imbuhé.

Pengajian makin semarak karo penampilan rebana saka Fatayat NU Ranting Penggaron Kidul lan remaja masjid Attaqwa Baiturrosid. Tausiyah disampèkké déning Kiai Su’udi saka Bonang, Demak.

Faizin, S.Ag, tokoh agama lokal, nyebut yèn acara iki wis dadi tradhisi tahunan sing dijaga warga. “Ora mung doa bebarengan, nanging iki uga bentuk ngajèni leluhur lan mbangun kekompakan warga,” ujare.

Pungkasan acara ditutup doa bareng, sing dadi harapan kanggo keselamatan, kesejahteraan, lan keberkahan warga Penggaron Kidul.

Edi Wartono, Ketua RT 04 RW 02, nambahi yèn dana kegiatan murni saka swadaya warga. “Saben KK nyumbang Rp20.000. Alhamdulillah kabeh lancar lan warga semangat banget nyengkuyung,” ujare.

Panitia lan warga nyepakati yèn taun ngarep, kirab budaya bakal digelar luwih meriah kanggo ngangkat potensi lokal lan narik minat generasi enom ngenali tradhisi leluhur

Pawarto : Agus Romadhon 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *