Home / Warto Anyar / Silaturahmi PT AMJ Lan MTF Purwokerto: Nambah Gayeng, Nambahi Kerjo Bareng

Silaturahmi PT AMJ Lan MTF Purwokerto: Nambah Gayeng, Nambahi Kerjo Bareng

Purwokerto||JowoPos.id – Dina Senen awan jam 14.00 WIB, Aril Gondrong, Direktur PT AMJ (Ariel Mandiri Jaya), bebarengan karo Ahmad Supartono selaku Manajer PT AMJ, nglakoni silaturahmi menyang kantor Mandiri Tunas Finance (MTF) Cabang Purwokerto sing mapan ana ing Jl. DI Panjaitan, ngarep SMK Telkom, RT 05 RW 02 Kedung Ampel, Kelurahan Purwokerto Kulon, Kecamatan Purwokerto Selatan, Kabupaten Banyumas.(21/7)

Aril Gondrong, sing asalé saka Kaliwedi, Kebasen, nglaksanani kunjungan kuwi ora mung dolan, nanging kanggo koordinasi, konsolidasi lan MoU kerjo bareng karo pihak MTF Purwokerto.

Saka pihak MTF, Aril ketemu langsung karo Pak Ali Imran (Branch Manager) lan didampingi karo Guruh Santosa (AR Head Collection), Taufan Sutrisno (Recovery Head), lan Supadly (Kredit Head MTF).

Obrolan lumaku gayeng lan kebak keakraban. Tujuane ora liya kanggo nambahi tali silaturahmi lan nguwatke kerja sama kang wis ana. PT AMJ nyritakake menawa kerjo bareng sing wis mlaku bareng MTF nganti saiki, alhamdulillah ora ana kendala gedhe. Saka perkara konsumen wanprestasi, ora ana kabare, nganti unit sing dipindah tangan, kabeh bisa ditangani rampung lan rukun.

Aril Gondrong nyebut, “PT AMJ mesthi ngedepake pendekatan sing persuasif, humanis, lan golek solusi bareng (win-win solution). Kita kerja miturut SOP, lan njaga amanah saka mitra.”

Dirinipun uga ngarep-arep hubungan apik antarane PT AMJ lan MTF Purwokerto bisa terus dipelihara, tambah raket, lan manfaat tumrap loro-lorone. Ora mung kerjo bareng, nanging ya hubungan emosional lan kekancan sing langgeng.

Pewarta :Witriyani

 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *