Ungaran|JowoPos.id-Siji truk Hino nomer polisi H 9380 OV ngalami kecelakaan tunggal ing Jalan Soekarno Hatta, pas neng ngarepe Jembatan Timbang Klepu, Kecamatan Bergas, Kabupaten Semarang, Rebo esuk (6/8/2025) jam 08.30 WIB.
Kasat Lantas Polres Semarang, AKP Lingga Ramadhani STK., SIK., CPHR., nerangke nek kecelakaan kui kedadeyan wektu truk arep mlebu jembatan timbang. Truk sing dikemudikne Marto Narto Sunarto (60), warga Banyumas, mlaku saka arah Bawen arep menyang Ungaran.
“Diduga sopir ora konsentrasi wektu arep mlebu jembatan timbang, truke oleng neng tengen lan langsung tumpah,” terang AKP Lingga.
Untunge ora ono korban jiwa. Nanging, akibat kejadian kuwi, dalan saka arah Bawen menyang Semarang ketutup total mergo muatan kayu nyebar nutupi kabeh badan jalan.
Personel Satlantas Polres Semarang sing ono ning lokasi langsung nindakno rekayasa arus kanggo ngurai kemacetan.
Saksi mata, Muhamad Sofyan lan Suharmanto, mbenarké nek truk sempat oleng sakdurunge tumpah. Ora ono kendaraan liyo sing melu kecelakaan.
Saiki truk wis dievakuasi lan arus lalu lintas wis normal manèh. Polres Semarang ngimbau para sopir supaya tetep manut rambu lalu lintas, lan mikirake muatan sing digowo ben ora nganti ndadekno kecelakaan sing fatal lan merugikno nyowo.
Jk_Zed ||Dipuntulis dining:Kang Adi






