Ungaran || JowoPos.id –Briptu Adi Qori Kurniawan, anggota Sat Binmas Polres Semarang, ngukir prestasi kang membanggakan. Ing rangkaian Awarding Day Hari Bhayangkara ke-79, dheweke kasil nampa Juara 3 Nasional ing Lomba Video Edukasi Polri. Prestasi iki ora mung nggawa jenengé pribadi, nanging uga dadi kebanggaan Polres Semarang.
Acara penghargaan digelar ing Gedung PTIK Mabes Polri Jakarta, dina Selasa, 22 Juli 2025, lan piagam panghargaan langsung diserahaké dening Kapolri Jenderal Polisi Drs. Listyo Sigit Prabowo, M.Si.
Video edukatif sing digawé Briptu Adi Qori diapresiasi dhuwur, nganti ditonton langsung Kapolri ing stand pameran utama. Dheweke oleh piagam Kapolri, trofi juara 3, lan uang pembinaan.
Acara iki uga diisi pameran karya finalis, sambutan Kapolri, hiburan musisi jalanan sahabat Polri, lan penampilan spesial saka penyanyi nasional Putri Ariani. Saliyane kuwi, penghargaan uga diwènèhaké marang atlet Polri berprestasi (Alabhama).
Briptu Adi tampil gagah nganggo seragam dinas lengkap lan tutup kepala adat, kaya kang diwajibaké.
Kapolres Semarang, AKBP Ratna Quratul Ainy, SIK., M.Si., maringi apresiasi dhuwur.
“Prestasi Pak Adi Qori iki jelas dadi kebanggaan kita kabeh. Iki bukti yèn Polres Semarang nduwèni personel kreatif lan inspiratif. Semoga bisa dadi motivasi kanggo personel liyane,” ujare Kapolres, Kamis (24/7/2025).
Saliyane tugasé minangka anggota Polri, Briptu Adi uga dikenal dadi penggiat budaya. Dheweke mbuka sanggar tari ing Kecamatan Ambarawa, mulang nari tradisional Jawa marang bocah-bocah, nggandhengaké tugas negara lan pelestarian budaya.
“Aku kepengin dadi Polisi sing iso nyedhaki masyarakat liwat kesenian. Nglayani, njaga kamtibmas, lan nguri-uri budaya bisa mlaku bareng. Iki wujud tekadku dadi Polisi Baim sing migunani kanggo masyarakat,” ujare Briptu Adi Qori, nutup wawarane.
Dipuntulis Dining : Yogie PS






