Home / Warto Anyar / HUT RI ke-80, Pemuda Pancasila Cilacap Bagek Beras ing Gandrungmangu

HUT RI ke-80, Pemuda Pancasila Cilacap Bagek Beras ing Gandrungmangu

CILACAP / JOWOPOS.ID Gandrungmangu dadine rame, wong-wong padha ngumpul neng alun-alun, Sabtu (23/8/2025). Ora liya ora dudu, Pemuda Pancasila Korwil III MPC Cilacap ngadani bakti sosial nganggo tema “Peduli Sesama”.

Kabehane ora sethithik, 600 karung beras isi 5 kiloan dibagek kanggo kader saka 8 PAC lan uga warga sing melu teka. Sing nampa, mesem-mesem koyo entuk hadiah lebaran.

Wakil Ketua III MPC Cilacap, Delun Seto, kandha nek kegiatan iki wis dadi program saka Ketua MPC, Bos Edy Santoso. “PP kudu ana neng tengah masyarakat, ora mung jago yel-yel, nanging yo kudu isa nuduhake rasa peduli,” ujare karo gaya guyu khasé.

Ora mung bagek beras, Pemuda Pancasila Cilacap uga wis nyiapke program kanggo ngangkat UMKM. “Muga-muga bantuan iki dadi modal urip, ekonomi iso tambah mlaku, lan Cilacap dadi tambah gedhé lan makmur,” tambahé Delun sing disambut aplaus warga.

Warga Gandrungmangu sing teka, akeh sing ngomong, “Iki mantap tenan, ora mung omong kosong, nanging nyata!”

Acara rampung karo suasana gayeng, koyo pasar malem, nanging isine rasa kebersamaan lan semangat merdeka.

(Buyung/Jowopos.id)

 

 

 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *