Ungaran Timur | Jowopos.id – Warga RT 03 RW 02 Desa Leyangan ngadani malam tirakatan HUT RI ke-80 nang ngarepé Poskamling, Jumuah wengi (16/8). Acara iki ora rame kaya taun kepungkur,
Soale duit kas RT entek kanggo mbangun cor-coran dalan gang sing saiki durung rampung, mentok nang 80 persen. Nanging seneng-senengé warga tetep ora kendat, malah tambah guyub.
Pak “RT Endrik Indrawan nyeluk matur nuwun kanggo kabeh warga, pengurus RT, PKK, lan remaja GEMATIGA sing anyar wae kebentuk telung minggu kepungkur.
“Sanajan kas RT kering kaya kali garing, tapi kekompakan warga lan remaja isih thokcer. Aku ngacungi jempol kanggo GEMATIGA sing wis gelem ngayahi,” ujare karo mesem.
“Acara diawali tahlilan sing dipimpin Ustad Dawamin Marzuki. Panjenengane ngelingake, meriah ora meriah, sing penting doane khusyuk lan kabeh warga tetep rukun.
“Merdeka iku ora kudu ngundang orkes dangdutan, sing penting ati merdeka lan bisa ibadah manut keyakinan dewe-dewe,” kandane sing langsung digawe geguyon karo warga.
Sawisé iku ana pembagian dorprèz, hadiah lomba bocah-bocah, nganti pentas kreatif anak-anak lan kelompok Darwis. Warga padha gumuyu, seneng bareng, lan ora ana sing kélangan.
Tirakatan sederhana nanging kebak makna iki dadi bukti, yen wong Leyangan ora gampang kélangan akal: kas entek, acara tetep jalan, semangat kemerdekaan tetep kobong!!!
Dipuntulisdining : Kang Adi






