PEKALONGAN | JOWOPOS.ID –Suasana santai nanging kebak makna katingal ana ing Pasar Kajen, Jumat (18/7/2025).
Satlantas Polres Pekalongan nganakake acara ngopi bareng karo para sopir angkot sing tergabung nang paguyuban sopir angkot Kajen.
Acara iki dadi ajang gayeng kanggo mbangun kesadaran pentingé tertib berlalu lintas. Ora mung ngandhani soal keselamatan, Kasat Lantas AKP Rony Hidayat, S.H. uga menehi ruang kanggo para sopir nyampèkké keluhan lan uneg-unegé langsung.
“Lewat ngopi bareng kaya ngene iki, komunikasi bisa luwih lancar. Sopir bisa crita apa waé sing dirasakné, lan polisi bisa langsung tanggepi,” ujare AKP Rony.
Para sopir angkot ngrasakaké manfaat saka kegiatan iki. Ora mung krungu himbauan, nanging uga ngrasakaké dihargai lan diajak rembugan. Kegiatan iki diarep-arep bisa dadi rutin, ben hubungan antarane aparat lan warga tansah akrab lan nyambung.(..)






