Home / Warto Anyar / Kepala Desa Digerebek Nyelingkuh lan Memeras Bojone Sah

Kepala Desa Digerebek Nyelingkuh lan Memeras Bojone Sah

Demak | Jowopos.id – Salah siji kepala desa ing Kecamatan Karangtengah, Kabupaten Demak, berinisial MY (34), kepergok bareng karo wanita berinisial LK (31) sing jebul istri sah saka PR (41).

Penggerebekan kuwi kelakon mergo PR wis curiga karo prilaku bojone, lan nglacak lokasine liwat GPS sing dipasang tanpa ngerti ing dashboard motore LK.

“Pak PR tambah curiga wektu bojone pamit arep nganter anak sekolah, ning kok ora bali-bali. Sawisé dicek GPS-e, jebul motore parkir ana ngarep kamar kos,” ujare Wakapolres Demak Kompol Hendrie nalika rilis perkara ing Mapolres Demak, Senin (4/8/2025).

PR banjur mastiaké menawa bojone ana ing kamar bareng lanang liya. Sawisé yakin, PR langsung lapor polisi lan bali menyang lokasi bareng petugas kanggo nindakake penggerebekan.

Kompol Hendrie nerangaké, nalika petugas lan PR tekan lokasi, pancen LK lan MY lagi ana nang kamar bareng. Karo jujur, loro-loroné ngakoni yèn wis rampung nindakake hubungan badan.

“Penggerebekané ana ing kamar kos wilayah Desa Jogoloyo, Kecamatan Wonosalam, Kabupaten Demak, tanggal 22 Juli 2025,” ujare Hendrie.

Perkara iki tambah ruwet mergo LK lan MY ora mung selingkuh, nanging uga diduga nindakake penipuan lan pemerasan marang PR. Loro-loroné padha konco sekongkol nipu PR nganggo cara licik.

Moduse yaiku LK pura-pura dadi wanita liyo, terus ngontak PR liwat WhatsApp nganggo nomer anyar. LK ngaku dadi “janda anak loro” lan ngajak PR komunikasi intens.

“Ngaku butuh duit kanggo jajan lan kebutuhan anak, PR sing ngrasakaké iba banjur bola-bali ngirim duit nganti jutaan rupiah,” imbuh Hendrie.

Nanging ing wulan Juli 2025, modusé malih dadi pemerasan. Pelaku nindakake video call karo PR, ning ndhelikaké raié lan ngrekam obrolan mau. Bar kuwi, PR diancem yèn ora gelem ngirim duit Rp5 juta, video rekaman kuwi bakal dikirim menyang bojone PR.

PR sing wis mulai curiga ngrasakaké ana sing ganjil, terus nolak ngirim duit. Nanging anceman terus muncul nganti PR rumangsa terancam.

Kompol Hendrie nambahaké, LK lan MY saiki kudu tanggung jawab hukum mergo tindak tanduké.

“LK lan MY dijerat Pasal 284 ayat (1) KUHP bab perzinaan, ancamané 9 wulan penjara,” tegasé.

Saliyane kuwi, pasangan selingkuh kuwi uga dijerat Undang-Undang ITE mergo penipuan lan pemerasan.

“Tersangka melanggar Pasal 45A ayat 1 Jo Pasal 28 ayat 1 lan/utawa Pasal 45B Jo Pasal 29 UU RI No. 1 Tahun 2024 (owahan saka UU ITE Nomor 11 Tahun 2008), lan/utawa Pasal 55 KUHP, ancamané nganti 6 taun penjara,” ujare Kompol Hendrie nutup warta.

Dipuntulis Dining : Kang Adi 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *