Home / Warto Anyar / Mriksa Siyapipun Personel, Bidpropam Polda Jateng Mesthekake Pengamanan Unjuk Rasa wonten Pati Lumampah Humanis lan Miturut SOP

Mriksa Siyapipun Personel, Bidpropam Polda Jateng Mesthekake Pengamanan Unjuk Rasa wonten Pati Lumampah Humanis lan Miturut SOP

KABUPATEN PATI | JOWOPOS.ID – Bidang Profesi lan Pengamanan (Bidpropam) Polda Jawa Tengah nindakaké pamariksaan dhumateng para personel ingkang kapacak nglaksanani tugas pengamanan unjuk rasa ing Kabupatèn Pati, Rebo (13 Agustus 2025) énjing. Kagiatan punika kalampahan supados sakabèhé prosès pengamanan saged lumampah kanthi cara ingkang humanis, profesional, sarta manut dhumateng Standar Operasional Prosedur (SOP).

Pamariksaan kawiwitan jam 07.00 WIB, mapan ing alun-alun Kantor Bupati Pati, sadèrèngipun para personel nempati pos-pos pengamananipun. Tim saking Bidpropam mariksa kalengkapan lan siyapipun pasukan saking manéka satuan, lan mesthèkakèn bilih boten wonten anggota ingkang nggadahi senjata api utawi pentungan, minangka bentuk komitmen tumrap pola pengamanan unjuk rasa kanthi pendekatan persuasif.

Kabid Propam Polda Jateng, Kombes Pol Saiful Anwar, nglairaké bilih pihakipun badhé nindakaké pangawasan ketat wiwit tahap persiapan ngantos pelaksanaan ing lapangan.

“Kula mesthèkakèn boten wonten satunggaling personel ingkang nggawa senjata api utawi piranti sanès ingkang boten miturut SOP. Pangawasan melekat badhé kita tindakaken supados saben anggota tansah profesional, boten nglanggar aturan, lan tetep ngedepakaké pendekatan ingkang humanis,” makaten pangandikanipun.

Miturut panjenenganipun, pola pengamanan ingkang dipunlaksanani punika dipunpokusaken dhumateng langkah preemtif, preventif, lan persuasif. Kabèh personel kapanggih saged siyap kanthi fisik lan mental, sarta nyekel teguh etika profesi kapolisan.

“Sadurungé pengamanan kawiwitan, pamariksaan punika dados langkah wigati kanggé njamin boten wonten pelanggaran prosedur ing lapangan,” tambahipun.

Kabid Humas Polda Jateng, Kombes Pol Artanto, ugi nglairaké bilih pangendalian internal ingkang kiyat punika dados pondasi utama ing njagi profesionalitas pengamanan.

“Pengamanan punika kawiwitan saking pangendalian internal ingkang kiyat. Langkah-langkah ingkang dipun tindakaken déning Bidpropam punika njamin boten wonten celah tumrap pelanggaran prosedur, lan ugi njamin pengamanan lumampah miturut prinsip profesionalitas,” tegasipun.

Panjenenganipun nambahakèn, ing sajroning pengamanan unjuk rasa, Polri punika dudu pihak ingkang dipunjuk rasa, utawi mungsuhipun para demonstran. Nanging kosok balèn, Polri punika kanca demokrasi ingkang rawuh supados njamin masyarakat saged nyaluraken aspirasi saha panemune kanthi aman, tertib, lan miturut prosedur.

“Polda Jateng komitmen njunjung dhuwur nilai-nilai demokrasi saha hak warga nagara kanggé nyampèni aspirasinipun kanthi damai,” pungkasipun Bapak Artanto.

Dipuntulis Dining :Kangmas Yogie Ps 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *