Kabupaten-Semarang / Jowopos.id-Polres Semarang ora mung jago patroli, nanging yo pantes didaftar dadi chef dadakan. Sabtu (16/8), Lapangan Catur Prasetya mendadak dadi dapur umum lan arena dolanan bocah. Alasane, kabeh anggota nganti pejabat utama melu lomba-lomba nyambut HUT RI ke-80.
Kapolres Semarang, AKBP Ratna Quratul Ainy, S.I.K., M.Si., karo Wakapolres Kompol Erwin, mlebu lapangan ora nganggo gaya serem, nanging nganggo semangat lomba koyo acara 17-an RT. “Iki dudu mung lomba, nanging wujud syukur lan bukti nek polisi yo iso guyub rukun,” ujare Kapolres, sambil ketawa tipis-tipis.
📌 Menu Andalan: Nasi Goreng Gosong
Lomba masak nasi goreng dadi tontonan utama. Pejabat utama sing biasane serius nang ruang rapat, saiki keringetan ngaduk wajan. Hasilé? Ana sing kakehan kecap, ana sing ora asin blas, ana sing gosong nganti mambu koyo knalpot vespa lawas. Penonton ngakak nganti nggawa kipas angin doorprize digawe kipas manual.
📌 Dolanan Lucu-lucuan
Ora mung masak, lomba tiup balon boa dadi ajang paling ngakak. Balon dadi koyo ular melingker ora jelas. Lomba estafet banyu luwih parah, wong-wong malah padha udel-udelan nyiram kancane. Mangan kerupuk? Cetho, akeh sing dadi bahan meme, merga gaya ngap-ngapané ora kalah karo ikan lele metungul.
📌 Doorprize Sakti
Panitia wis nyiapke hadiah hiburan: saka panci anyar, kipas angin, nganti sabun cuci. Pokoke hadiah sing ora iso ditolak wong omah. Sing menang yo seneng, sing kalah yo tetep bungah merga iso ketawa bareng.
“Harapane yo gampang, tugas bareng dadi kompak, dolanan bareng yo tetep guyub. Polisi yo manungsa, butuh dolanan lan guyon,” tutup Kapolres Ratna, karo ekspresi koyo wong menang lomba joget balon.
[Dipuntulis Dining : Kang Adi]




