Home / Warto Anyar / Polres Semarang Guyub Bareng TNI-PEMDA, Ngopi Bareng Jaga Kampung Tetep Adem

Polres Semarang Guyub Bareng TNI-PEMDA, Ngopi Bareng Jaga Kampung Tetep Adem

Ungaran|Jowopos.id  – Ora mung warga sing doyan ngopi bareng, aparat TNI-Polri lan Pemda Kabupaten Semarang yo ora kalah guyub. Buktine, Kamis (21/8/2024) kepungkur, Polres Semarang nggelar acara Arahan Tiga Pilar neng Aula Condrowulan.

Sing teka ora main-main: Kapolres Semarang AKBP Ratna Quratul Ainy, S.I.K., M.Si., Dandim 0714/Salatiga Letkol Inf. Guvta Alugoro Koedoes, S.Hub.Int., M.Han., lan Bupati Semarang H. Ngesti Nugraha, S.H., M.H.. Lurah, kepala desa, nganti Kapolsek lan Danramil se-Kabupaten Semarang yo melu nyemak, ana sing langsung teko, ana sing cukup liwat Zoom.

Kapolres Ratna nyritakake nek kondisi Kabupaten Semarang saiki isih kondusif. Nanging ojo nganti lengah, merga medsos iso dadi “kompor” sing gawe adem dadi panas. Apamaneh narkoba isih wae nyasar generasi enom.

“Kabupaten Semarang saiki kondusif, nanging kudu tetep waspada. Medsos iso gawe panas, narkoba yo kudu dicegah. Anak enom kudu diselametke saka godaan barang haram kuwi,” ujare Kapolres Ratna.

Bupati Ngesti Nugraha langsung nyengkuyung langkah TNI-Polri sing wis solid ngamanake wilayah. Dheweke ngajak kabeh pihak, saka Forkopimda, DPRD nganti pengadilan, podo-podo nyawiji ngantisipasi kerawanan nganti tingkat desa.

Dandim Guvta Alugoro Koedoes yo nambahi nek deteksi dini iku kunci. Yen ana gerakan negatif, kudu ketangkep sakdurunge dadi gedhe.

Acara iki dadi tanda nek sinergi TNI, Polri, lan Pemda ora mung formalitas, nanging pancen niat gawe Kabupaten Semarang tetep adem, ayem, lan ora keri mbangun.

Dipuntulisdining : Kang Adi 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *