Home / Warto Anyar / Proyek Rumah Makan Sultan Agung Mangkrak, Kayak Bangun Candi Tapi Mandeg!

Proyek Rumah Makan Sultan Agung Mangkrak, Kayak Bangun Candi Tapi Mandeg!

Semarang /  Jowopos.id – Wis kayak ngrasani telenovela sing ora rampung–rampung, proyek pembangunan rumah makan neng Jalan Sultan Agung No. 79, Gajahmungkur Semarang, malah mandeg dadi tontonan wong lewat.

Bangunan gedhé pisan, siji 696 m² atas nama Kristianto H lan siji 1.297 m² atas nama Nyauw Farida, kok jebul ora podo karo gambar teknis sing digawe Dinas Penataan Ruang. Lah piye, gambar e koyo istana, lapangan e malah dadi jurang.

Catetan e, dinas mung sempet ngasih SP 1 lan SP 2, kayak wong ngutang ditagih utowo ora. Tapi nganti Agustus 2025 yo tetep wae mandeg, dadi bangunan “horor” neng tengah kota.

Awak media nyoba mlebu lokasi, sing metu mung penjaga jenenge Amin. Jawabane sederhana, “Ana perubahan gambar teknis.” Habis ngomong, langsung nutup pager kenceng, koyo wong nutup hutang kredit motor.

Ketua DPD LAI BPAN Jateng, Yoyok Sakiran, ora kalah pedes. Dheweke ngomong bakal nyurati dinas lan APH Polda Jateng. Masalah e, bangunan mau jarake karo jalan mepet banget, iso-iso nek buka langsung bikin macet. Parah meneh, tiang telpon lan listrik malah ketempel neng njero bangunan. Iki kok koyo omah dipasang colokan listrik ning jedhing, bahaya rek!

Pas dikonfirmasi via WhatsApp, Bu Wali Kota Semarang, Bu Agustin, mung njawab adem ayem, “Akan kami cek ke dinas, soale PBG wis turun sadurunge aku dadi wali kota.” Alias, “Ora urusanku, bro!”

Nganti berita iki ditulis, pemilik, kontraktor, lan dinas terkait isih padha kaya maling kucing, ora ono sing gelem metu ngomong.

Dipuntilisdining :Kang Adi 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *