Home / Warto Anyar / Rambo 4294 Tatung Meriahaké Festival 620 Taun Tekané Laksamana Cheng Ho

Rambo 4294 Tatung Meriahaké Festival 620 Taun Tekané Laksamana Cheng Ho

Semarang|JowoPos.id – Peringatan 620 taun tekané Laksamana Cheng Ho nang kutha Semarang digelar meriah dina Minggu (27 Juli 2025). Festival budaya iki ngundang kawigaten warga saka macem-macem daerah. Akèh wong padha sesak-sesakan nonton arak-arakan sanajan panasé srengéngé nyelekit.

Sing paling narik kawigaten yaiku atraksi Tatung saka kelompok Rambo 4294 asal Kalimantan Barat. Tatung iki nampilaké budaya Dayak-Tionghoa sing mirip pertunjukan debus. Para Tatung nancepaké piranti landhep kaya piso, pedhang, nganti besi nang awaké dhéwé, nanging ora kroso lara lan ora nganti tatu.

Pak Didik Hartanto, Ketua Rambo 4294, matur yèn dheweke bangga bisa mèlu nyumbang kemeriahan acara tahunan iki. “Iki bagéan saka usaha njaga warisan budaya, utamané akulturasi budaya Jawa lan Tionghoa,” ujare.

Arak-arakan dimulai jam 05.00 WIB saka Klenteng Tay Kak Sie, terus mlaku liwat Gang Pinggir, Wotgandul Timur, Wotgandul Barat, Plampitan, Kranggan Barat, Depok, Pemuda, Mgr Soegiyopranoto, nganti tekan Klenteng Agung Sam Poo Kong.

Totalé ana 15 klenteng sing mèlu parade iki, kayata Sam Poo Sing Bio (Surabaya), Hok Sian Than (Kudus), Cetya Metta Padma (Bekasi), lan Hok Siu Kwan (Semarang). Saben klenteng nggawa patung Dewa, sing ndadèkaké suasana saya rame bareng barongsai, gamelan, payung, kipas, kuda-kudaan, lan mesthi waé – atraksi Tatung saka Kalbar.

Acara dimulai karo prosesi panampi Kimsin jam 07.00 WIB, lan ditutup karo prosesi mbalèkaké Kimsin jam 12.00 WIB.

✍️ Dipuntulis ; Vio Sari

📌 Versi JowoPos.id

 

 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *