Home / Warto Anyar / Rame-Rame Reog, UMKM Laris” Nanging Jalan Krajan Isih Gawe Mumet

Rame-Rame Reog, UMKM Laris” Nanging Jalan Krajan Isih Gawe Mumet

UNGARAN|JOWOPOS.ID – Peringatan HUT ke-80 Kemerdekaan RI neng Desa Leyangan pancen ora ono matine, rek! RTH Desa Leyangan kebak wong, nganti cilok karo es degan kudu ngantri dawa. Wong-wong padha nonton reog sing nyuguhake adegan joged nganti kesurupan, karo bonus penyuluhan anti narkoba sing gawe kabeh melu mikir[17/8]

“Sing rawuh ora sembarangan, ana Aiptu Gunawan Nugroho Bhabinkamtibmas, Sertu Fakih Babinsa, Iptu Dwi Sumarsono SH KBO Sat Narkoba Polres Semarang, Satlinmas, Karang Taruna, Pak Sekdes Suryanto, nganti PLT Kades Untung SP. Pokoke kabeh perangkat desa padha kompak.

Acara iki gawe warga seneng, UMKM uga kecipratan berkah. Omset pedagang jebul munggah, ana sing nganti ngomong, “Matur nuwun, HUT RI iso nggawe bakul pentol kroso merdeka tenan!”

Nanging, nang tengah-tengah geguyon lan meriahe acara, isih ana sing dadi uneg-uneg. Jalan Krajan isih rusak parah, rek! Wong-wong sing liwat kono rasane kaya numpak odong-odong, njlungup-njlungup ora karuan.

PLT Kades Untung SP nyelipne sindiran alus, “Perayaan iki meriah, nanging ojo nganti nutupi masalah sing ana. Jalan Krajan kudu cepet didandani, ben urip warga tambah enteng.”

Guyone penonton: “Iyo, sing kesurupan reog wae iso tangi maneh, mosok jalan Krajan ora iso diuripi maneh?”

Intine, Desa Leyangan saiki wis buktekne yen iso guyub rukun, meriah, lan produktif. Tinggal siji PR gedhe: ndandani Jalan Krajan ben kabeh tambah jos gandos!

[Dipuntulisdining :Mbak Witriyani]

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *