DEMAK | JowoPos.id –Satuan Lalu Lintas (Satlantas) Polres Demak nindakake kegiatan sosial kanthi judhul “Polantas Menyapa”, Jumat siang (25/7/2025), kanthi mbagekake nasi kotak marang para tukang ojek ing Terminal Bintoro, Kabupaten Demak.
Kegiatan kuwi minangka bagean saka Operasi Patuh Candi 2025 kang diwiwiti wiwit tanggal 14 nganti 27 Juli 2025. Kanit Kamsel Satlantas Polres Demak, IPTU Rahmat Suko Prihandono, piyambak kang mimpin langsung jalannya kegiatan.
“Polantas Menyapa punika dudu mung sekadar mbagekake dhaharan, nanging ugi minangka sarana komunikasi antawisipun petugas Polantas kaliyan masyarakat. Kita ngajak para pengendara supados luwih manut aturan lan luwih waspada nalika nyopir,” ujare IPTU Suko kanthi alus.
Saliyane mbagekake nasi kotak, Satlantas ugo nyemprotake edukasi lan sosialisasi tumrap Keamanan, Keselamatan, Ketertiban lan Kelancaran Lalu Lintas (Kamseltibcarlantas). Para tukang ojek lan warga ing sakupenge terminal dikeparengake pangeling-eling supados tansah migunakake helm, ora nglanggar rambu, lan tetep tertib nalika ing dalan.
“Mugi kanthi kegiatan menika, kita saged ngingetaken masyarakat supados luwih disiplin lan saged nyegah kedadean kecelakaan lalu lintas,” pangandikane maneh.
Satlantas Polres Demak ngarepake kegiatan kaya mangkene saged nguwatake paseduluran antara aparat lan masyarakat, kanthi ngajeni lan ngluhurake budaya tertib lalu lintas demi keselamatan bebarengan.
Dipuntulis Dining :Kang Adi






