Home / Warto Anyar / Semarak Pitulasan, Warga Binaan Rutan Salatiga Podho Melu Lomba Merdeka’an

Semarak Pitulasan, Warga Binaan Rutan Salatiga Podho Melu Lomba Merdeka’an

Salatiga |jowopos.id- Suasana rame lan geguyon kerungu ing njero Rutan Salatiga, nalika para Warga Binaan Pemasyarakatan (WBP) podho melu lomba-lomba tradisional kanggo nyemarakno HUT ke-80 Kemerdekaan RI.

Lomba estafet tepung, masokno bola neng botol, estafet kaos nganti mecah balon nggawe suasana tambah guyub. Ora mung WBP, petugas rutan yo melu ngguyu bareng, ngguyu karo sesama.

Kepala Rutan Salatiga, Anton Adi Ristanto, kandha nek acara iki ora mung gegojegan, nanging ana makna jero.

“Pitulasan iki kanggo mupuk kebersamaan lan semangat nasionalisme, ben kabeh iso rumangsa merdeka bareng-bareng,” ujare, Setu (16/8/2025).

Anton uga nambahno nek lomba iki dijadwal sak minggu karo macem-macem kegiatan. Senajan fasilitas winates, pihak rutan tetep nggolek cara ben WBP iso ngrasakno semangat kemerdekaan.

“Iki yo wujud arahané Pak Menteri Hukum lan HAM, Agus Andrianto. Kabeh kudu tetep guyub rukun senajan ana ning rutan,” tegesé.

Salah siji warga binaan, Eko, ora ndhelikno rasa bungahé.

“Seneng tenan, mas. Senajan lagi ngalami tahanan, tapi isih iso melu memeriahke pitulasan. Matur suwun Pak Karutan lan kabeh petugas sing wis nyediakke acara iki,” ujare karo mesem lega.

Guyub rukun, penuh canda lan semangat, lomba pitulasan neng Rutan Salatiga dadi bukti nek semangat merdeka ora mung kanggo sing nang njaba, nanging yo iso dirasakno karo sing lagi mbenerno urip nang njero jeruji besi.

Dipuntulis Dining : Mbak Witriyani 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *