Home / Warto Anyar / Truk Trailer Ora Kuat Nanjak, Jalur Ungaran-Bawen Sempet Macet

Truk Trailer Ora Kuat Nanjak, Jalur Ungaran-Bawen Sempet Macet

UNGARAN | JOWOPOS.COM – Jalur utama Ungaran-Bawen, utamane ana ing Jalan Diponegoro pas ing ngarepe Mako Sat Lantas Polres Semarang, sempet macet abot dina Rebo esuk (30 Juli 2025). Iki merga ana truk trailer sing ora kuat nanjak lan melintang nutupi dalan.

Miturut katerangan saka Kaur Bin Ops Sat Lantas Iptu Sutarto, SH., MH. sing bareng Kanit Turjagwali Ipda Y. Dimas, SH., MH. ana ing lokasi, truk trailer nganggo pelat nomer H 8091 OF kuwi ngangkut muatan biji plastik saka arah Semarang menyang Bawen.

“Wektu nanjak ana ing ngarepe Balai Pengujian lan Peralatan DPU Jateng, mesin truk ndadak bermasalah. Sopiré, Mastur umur 42 taun, warga Kabupaten Demak, ora bisa ngendhaleni kendaraan. Truk banjur mundur lan nutupi loro jalur utama arah Semarang,” ujare Pak Sutarto.

Kejadian mau kira-kira jam 09.00 WIB, lan langsung nyebabaké antrian dawa saka arah Semarang. Satlantas Polres Semarang banjur cepet-cepet nerapké sistem contra flow kanggo ngurangi kemacetan.

Ipda Dimas nambahaké, ora ana korban jiwa ing kedadeyan kuwi.

“Jam 10.10 WIB, truk wis bisa ditepikan. Alhamdulillah lalu lintas bisa normal maneh

Dipuntulis Dining : Kang Adi 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *