SALATIGA|JOWOPOS.ID- Wali Kota Salatiga, dr. Robby Hernawan, Sp.OG., rawuh ing acara Merti Dusun ing Sendang Gambir, Dusun Tetep, Kelurahan Randuacir, dina Rebo (30 Juli). Acara iki dadi bentuk nyata saka upaya nguri-uri tradisi leluhur lan nguwatke paseduluran antar warga.
Acara iki uga ditekani Kepala Dinas Kebudayaan lan Pariwisata, Camat Argomulyo bareng Forkopimcam, lan Lurah Randuacir. Kuwi nuduhake yèn pamaréntah ndhukung penuh inisiatif masyarakat kang padha nresnani kabudayan lan kearifan lokal.
Ketua Paguyuban Padang Gambir, Mahmud, njlentrehake yèn tradisi merti dusun kuwi pancen ditunggu-tunggu saben taun, lan dadi ajang kumpul bareng kanggo nguwatke tali paseduluran. “Paguyuban Padang Gambir kuwi wadahé wong-wong kang padha nduwé rasa tresna marang peninggalan leluhur. Saliyane nguri-uri seni budaya lan ngajeni toleransi, kita uga mbantu pamaréntah kanggo ngembangke UMKM lokal,” ujare Mahmud.
Wali Kota Robby menehi apresiasi gedhé marang Paguyuban Sendang Gambir lan warga Tetep sing tetep setya njaga tradisi iki, senadyan jaman wis maju. Dheweke negesake yèn Merti Dusun Sendang Gambir kuwi bentuk rasa syukur lan cara nguri-uri budaya Jawa kang kebak makna spiritual lan sosial.
“Ing tradisi iki ana nilai-nilai gotong royong, rasa syukur marang Gusti Allah, lan kesadaran kanggo njaga alam. Doa lintas agama uga nuduhake yèn masyarakat kita wis tansah urip rukun lan toleran,” ujare Robby.
Robby uga ngarep-arep acara iki bisa dadi jembatan kanggo generasi enom supaya luwih tresna lan ngerti kabudayan lokal, lan gelem nerusake warisan leluhur. “Ayo bareng-bareng nguri-uri kabudayan lan njaga Sendang Gambir kanggo masa depan anak putu kita,” pungkasé.
Acara Merti Dusun ditutup karo tari-tarian Jawa, penyerahan bantuan kanggo anak yatim bareng BAZNAS, lan penanaman wit bareng Wali Kota Salatiga lan sesepuh Paguyuban Padang Gambir, minangka lambang komitmen bareng kanggo njaga lingkungan lan peduli marang sesama.
Dipuntulis Dining :Kang Adi






