Home / Warto Anyar / Warga Jatisari 01 Geguyuban Meriahke HUT RI ke-80, Ngakak Bareng Guyub Rukun

Warga Jatisari 01 Geguyuban Meriahke HUT RI ke-80, Ngakak Bareng Guyub Rukun

Semarang / Jowopos.id – Warga RT 01 Jatisari, Kelurahan Gisikdrono, Kecamatan Semarang Barat, ora ketinggalan meriahke ulang tahun kemerdekaan RI ke-80. Acara iki dipimpin langsung karo Pak RT sing ganteng tur merakyat, Pak Supriyanto.

Kegiatané rame pol! Ana lomba-lomba, hadiah, hiburan nganti doa bareng. Bocah cilik nganti wong tuwa podo melu, kabeh semangaté njeblug kaya mercon lempung.

Pak Supriyanto ngomong, acara iki dudu mung kanggo ngguyu lan seneng-seneng, nanging kanggo ngguatne tali silaturahmi lan ngelingké menawa gotong royong iku kudu dijaga.

“Peringatan HUT RI kuwi dudu mung pasang bendera karo lomba mangan krupuk thok, nanging uga kudu eling jasa para pahlawan. Mugo-mugo warga Jatisari 01 tansah rukun lan kompak sak lawase,” ngendikane karo senyum manis.

Antusiasme warga jebul pancen luar biasa. Bocah cilik podo mlayu mlayu, remaja ora kalah heboh, wong tuwa malah luwih semangat senajan ambegan wis megap-megap. Nanging kabeh podo seneng lan guyub rukun.

Tradisi iki dikarepke tetep lestari, ben generasi mudha ora mung apal lagu Indonesia Raya, nanging uga ngerti artiné persatuan lan kebersamaan.

Kanthi semangat “Bersatu, Berdaulat, Rakyat Sejahtera, Indonesia Maju”, warga Jatisari 01 mbuktekake nek nilai-nilai kemerdekaan isih urip lan ngrembaka nang tengah masyarakat. Ora mung merdeka saka penjajah, nanging uga merdeka saka utang warung tetangga! 😁🇮🇩

Dipuntulisdining : Kangmas Yogie PS 

 

 

Tag:

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *