UNGARAN TIMUR / Jowopos.id – Lha iki unik, Rek! Yen RT liyane rame-rame lomba balap karung, joget dangdutan, nganti rebutan hadiah kipas angin, warga RT 03 RW 02 Leyangan malah milih ngecor dalan gang buntu pas peringatan HUT RI ke-80, Minggu (24/8/2025).
Ketua RT 03, Endrik Indrawan, bareng tokoh masyarakat lan pengurus RT langsung nyengkuyung warga kanggo gotong royong. Pengecoran iki neruske kerja minggu wingi sing wis tekan 85 persen. Saiki giliran lorong pinggir omahe Pak Sudiro sing ketiban rejeki dicor.
Padahal kas RT wis entek, nanging warga tetep semangat. Guyon-guyon sak lawase musyawarah, pungkasane yo kepikiran tuku 3 unit tratak kanggo kegiatan warga.

Tokoh masyarakat sekaligus donatur, Pak Suparno, nyelukake apresiasi karo gaya guyonan khas Jawa Timuran.
“Yo nek ono sing rumangsa kurang sreg, jawab wae esteh gula batu. Sing penting ojo mung akeh ngoceh, urunan ra metu. Kakean ngoceh urunan gak metu yo podo wae bohong!” celuké disambut gerrrr warga.
Warga RT 03 pancen tampil beda, bukti nek perayaan kemerdekaan ora mesti kudu rame-rame hiburan. Ngecor dalan bareng-bareng yo iso dadi pesta kemerdekaan sing manfaaté langsung dirasakke wong sak kampung.
Dipuntulisdining : Kang Adi






